Crita Cekak yaiku cerita kang wujude cekak nyeritakake sawijine paraga (tokoh) ing saperangan uripe.
Crita Cekak umume dumadi saka saalur wae. Tegese,prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga paragane siji. Sanajan mangkono, masalah iku mau soyo ruwet, wusanane nganti dadi mbundet. Bab iku beda karo akehe prekara ing crita Novel kang biasane nyritakake prekara pirang pirang dadi siji. Kejaba, prekara kang akeh mau, paragakang dicritakake ing kono uga pirang-pirang (ora mong siji).
Unsur intrinsik cekak yaiku :
1. Tema
Yaiku sing dadi underane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lsp.
2. Paraga
Yaiku pelaku kang mbangun cerita. Paraga kaperang dadi loro, yaiku paraga pokok (tokoh utama) lan paraga kang sipate mbyantu (tokoh pembantu).
3. Watak
Yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp) lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter,).
4. Setting
Yaiku papan lan wektu kadadeane cerita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi).
5. Sudut pandang
Yaiku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing cerita.
6. Lelewaning basa
Yaiku basa kang digunakake pengarang ing cerita.
7. Amanat
Yaiku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing cerita iku.
8. Alur/plot
Yaiku gegayutan karo kepriye lakune cerito (alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur).
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cekak saka sanjabane cerkak, kang mangaribawani ing antarane:
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidhikan
5. Budaya
Titikane cerkak:
1) Ceritane luwih cendak dibandingake novel
2) Jumlah katae gak lebih soko 10.000 kata
3) Ora gambarake kabeh tokoh, seng digambarakeh intine bae
4) Anduweni struktur Eksposisi, Komplikasi
5) Anduweni Unsur Instrinsik lan Ekstrinsik
Simak lebih lanjut di Brainly.co.id - https://brainly.co.id/tugas/2920686#readmore
Nulis Sinopsis Crita Cekak nggunakake ragam bahasa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/aturan.
Sinopsis iku ringkesan isine crita,kalebu crita cekak. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita.Sing baku, nalika nulis Sinopsis paraga, watak, wose(intine)crita ora kena bedo karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Gampange rembug, Sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dewe.
Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks crita cekak lan jumbuhake karo kahanane bebrayan.
Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pengarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat amanat iku biasane gegayutan karo niat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane,tresna bangsa, tresna budaya,lan sapanunggalane. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan(religius),setya marang negara (patriotisme) pendidikan, kabudayan lan sapanunggalane.
(Sumber: Buku basa jawa Kls X SMA/SMK/MA Yudistira )
membantu sekali
BalasHapusSangat membantu
BalasHapusBagus👍
BalasHapusSippp
BalasHapusBagus kaka
BalasHapusSangat membantu terimaksih
BalasHapusBagus, mantap mmatap
BalasHapusMantap
BalasHapusSipp
BalasHapusSangat membantu
BalasHapusMantap kali👍👍
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus